Sunday, December 04, 2005

tentara jancuk

weleh weleh... mau esuk aku budhal saka bogor numpak KRL arah kota. Biasa senen esuk, mesti uyel-uyelan tumpuk undung kaya pepes wae... dasar angkutan rakyat, nasibe kaya rakyat cilik, dielek-elek, gak diperhatikna, dicuekin, gak digape karo wong dhuwuran.. yen nggo wong sugih wae kretane diapiki. kaya pakuan express, kretane enak tenan, mbayare ya enak tenan :(

neng lenteng agung.. sepure mandhek, trus wong ngarepku mbengok, "apa kuwi?" aku mengo, dhaksawang ana tentara ngenggo klambi ijo loreng, pangkate gak ketok aku.. paling prajurit yen dudu kopral.. tentara kuwi lagi mbengoki wong kuru rada tuwa.. trus tentara iku ngampleng wong kuwi mau.. mbuh perkarane apa tapi sing jelas wong tuwa kuwi wis njaluk sepura neng tentarane, tapi tentarane isih gak trima.. ngampleng maneh.. trus sepure mlaku.. mbuh piye terusane..

sing dakgumuni... tentara apangkat ngesor wae kok sok adigang adigung.. nonyo uwong sakkepenake udhele dhewe. Apa tentara indonesia gak tau diajari arti lan pentinge hukum? yen ana masalah kan ana hukum sing mayungi, mbok yao dienggo.. ora maen kampleng wae!!! Jancuk ! tenan.. Tapi ya wajar yen kopral wae seneng ngamplengi uwong, lha wong perwira-perwirane yo preman... Eling tho kasus sidoarjo, kolonel mateni hakim? yo ngono kuwi contone.. durung tentara/perwira sing dadi beking-e cukong judi, mafia, lan liya-liyane... wajar yen perwirane preman, prajurite mesthi dadhi brandal!!! Yo ora kabeh sih... isih akeh tentara sing duwe ati, ngerti hukum, beriman lan duwe moral.. aku salut karo tentara sing ngono kuwi... tapi tentara sing ngamplengi rakyate sing kudune diayomi??? kuwi tentara ASU!!!!!

Muga-muga Gusti Allah ngapura dosane tentara kuwi mau.. ngapura dosaku sing nulis karo misuh-misuh...

amin...

No comments: